Dluwang

Dluwang utawa kertas (basa krama: dlancang), yaiku bahan kang awujud tipis lan rata, dluwang diasilaké ngangge komprèsi serat kang asalipun saking pulp. Serat kang dipigunakaké racaké alami, ngandhut selulosa lan hemiselulosa.
Dluwang menika minangka sarana serat ingkang sampun dipun-ginakaken wiwit jaman kina, ngantos pinten-pinten abad. Sarana serat menika dipunginakaken déning masarakat Indonésia, mliginipun wonten ing pulo Jawi, wiwit saking abad kaping 7, salajengipun ngrembaka pesat nalika jaman sajarah Islam.[1]
Dluwang dipuntepang minangka médhia utama kangge nyerat naskah utawi tradhisi serat ing sawetawis tlatah Nusantara. Saliyane iku, dluwang ugi bisa kangge nyithak sarta nglukis lan lembaranipun saged kiyat, sarta mboten énggal risak sanajan dipunsimpen dangu.
Anané dluwang minangka révolusi anyar ing sajeroning jagad tulis menulis kang nyumbangakén makna sajeroning peradaban donya. Sadurungé tinemu kertas, bangsa-bangsa jaman rumiyin migunakakén tablèt saking lemah lempung kang sampun diobong. Bab menika bisa tinemu saking peradaban bangsa Sumeria, Prasasti saka watu, kayu, pring, kulit utawa balung sato kéwan, sutra, lan godhong lontar kang dirèntèng kados ing naskah naskah Nusantara sawatara abad kapungkur.
Sajarah
[besut | besut sumber]Peradaban Mesir Kuna nyumbangakén papirus minangka médhia seratan. Papirus, inggih menika médhia serat kagem nyerat sajeroning peradaban Mesir Kuna ing mangsa wangsa firaun sabanjuré nyebar wonten ing sakabehing tlatah Wétan Tengah ngantos Romawi ing Sagara Tengah lan nyebar wonten ing Éropah, sanadyan makaten, panggunaan papirus taksih diraosakén larang sanget. Saking tembung papirus (papyrus) menika dados nama paper sajeroning basa Inggris, papier sajeroning basa Walanda, basa Jerman, basa Prancis utawi papel ing sajeroning basa Spanyol kang tegesé dluwang.
Dluwang ugi sampun kaginaaken wiwit jaman karaton ageng ing Nuswantara, kados ta Majapahit lan Mataram Kina. Wonten ing wekdal menika, naskah-naskah agami, sastra, saha angger-angger hukum kathah kaserat wonten ing dluwang, ingkang dados bukti wigatos kangge mahami sejarah lan kabudayan Jawi.
1. Sarana Seratan Naskah Kina
Saderengipun kertas modhèren kawentar, masarakat Jawi kagungan dluwang minangka sarana utami kangge nyerat manuskrip utawi naskah kina. Kathah kitab sajarah, kados ta Serat Centhini lan Babad Tanah Jawi, kaserat ing dluwang kanthi migunakaken aksara Jawi.
2. Bahan Skriptorium ing Karaton
Wonten ing lingkungan karaton, dluwang dados salah satunggaling barang aji ingkang kaginaaken déning para pujangga lan ulama kangge nyathet sajarah, ngèlmu kawruh, lan sastra. Prosès anggènipun damel ingkang radi rekaos ndadosaken dluwang dados barang èksklusif ingkang namung kaginaaken kangge kabetahan ingkang wigatos.
3. Simboling Ngèlmu Kawruh lan Kawicaksanan
Dluwang ugi kagungan teges filosofis ingkang lebet. Wonten ing tradhisi Jawi, tiyang ingkang kagungan naskah saking dluwang kaanggep kagungan kawicaksanan lan ngèlmu ingkang inggil. Awit saking menika, dluwang asring kaginaaken kangge nyathet piwulang luhur ingkang katurunaken saking génerasi satunggal dhumateng génerasi salajengipun. [2]
Daluwang Ing Era Modern
[besut | besut sumber]Sanadyan dluwang sampun kasalipaken dening kertas modhèren ing jaman sakmenika, dluwang taksih nggadhahi aji historis kaliyan artistik ingkang inggil sanget. Wekdal punika, dluwang asring dipun ginakaken kagem kapreluan seni, kados ta lukisan tradhisional, kaligrafi Jawi, lan réprodhuksi naskah-naskah kina. Wonten ing basa Jawi, dluwang menika boten namung lembaran kertas, ananging ugi ngemu teges ingkang lebet minangka simbol ngèlmu, kawicaksanan, lan sejarah. Ananipun dluwang ing kabudayan Jawi ugi dados bukti bilih masarakat Jawi sampun ngenal sistem literasi ingkang inggil saking jaman rumiyin. Dluwang ugi paring piwulang dhumateng kita bilih kawruh kaliyan tradhisi menika warisan ingkang aji ingkang kedah dipunjagi lan dipunhurmati. Pramila saking punika, mahami teges lan filosofinipun dluwang badhé mbiyantu kita supados langkung ngajèni sejarah kaliyan kabudayan ingkang sampun dipunwarisaken déning para leluhur. [3]
Uga delengen
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Arifa, Siti Nur (2022-09-10). "Jejak Daluang, Kertas Tradhisional minangka seratan kuna saking Warisan Budaya Indonesia". goodnewsfromindonesia.id. Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ Pro, Supriyadi (2025-02-18). "Tegesipun Dluwang wonten ing Basa Jawi: Sajarah, Wigati, saha filosofinipun ing Budaya Jawi". Kawruhbasa.com. Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ Pro, Supriyadi (2025-02-18). "Tegesipun Dluwang wonten ing Basa Jawi: Sajarah, Wigati, saha filosofinipun ing Budaya Jawi". Kawruhbasa.com. Dibukak ing 2025-11-20.